Panembromo Lanjutan 12 juga ? gmail ?

Diposting oleh Asri Bintoro on Sabtu, 24 Maret 2012

AGGRA INSTITUTE TAMAN BELAJAR TENTANG PLURALISME DAN MULTIKULTURALISME PANEMBROMO LANJUTAN 12 JUGA ? GMAIL ? PANEMBROMO Bawa (Dangdang gula ) Jago kluruk rame kapiyarsi lawa kalong luru pandelikan jrih kawanan ing semune rembulan wis gumlewang neng kuloning gunung mratandani yen bangun enjing , ing padesan wiwit obah lanang wadon anambut kardi netepi kuajiban Umpak umpak Para kanca sami sami para wargi tansah mundi gesang bebrayan kang adi murih dadi jenjem lan tentreming ati bisa sengkut nggon pada kita makarti . Ngaturaken sugeng rawuh Mring pra tamu kakung putri Ingkang sampun kesdu kerso sagung sami angrawuhi kenduri sedekah bumi tilaran leluhur sami Umpak umpak Kembang mlati , abyor sapinggiring kali Tanpa kendat denya andum andum wangi Najan kita jroning manca warni. Ayem tentrem inggih gesang kang utami . Kita dahat dipun tuntut Margi Gesang Kang Utami Manembah Ngarso Pangeran Sujud sukur kalampahi Limang wektu rinten wengi Mugi karahayon sami Umpak umpak Kembang terong luwese ana ing kebon Nambah endah ,asrining kang sarwo katon Wis mestine kita tansah gotong royong , Iku wangsit saka simbah kang wus maton Minangka tutuping atur Sungkem sembah pangabeki Yen wonten lepat kawula Kadang sepuh jaler estri Pangeran mugi ngijini Aggempalna kita sami . Witing trisno ,jawata ing marcapada salugune wong wanita , dasar nyata Kula sampun jajah projo Surakarta, Yogyakarta Sluku sluku batok , batoke ela elo Rama tindak Sala Leh olehe payung mota Pak Jaya sing waspada Udan barat luru obat Lolo lolo lobah Cina mati ora obah nek obah medeni bocah Cing Poling . Jarang kepang nggoling nggoling kesurupan mangan beling pada awas pad eling Ja bali ana maling . Deso Ngaglik , Lahane ming setitik , enggone ngangklik angklik , ning saiki deso Ngaglik dalane apik apik desane katon resik pomahane iyo resik omahe apik apik tandurane dilarik larik pagere tarik tarik uwonge apik apik lakone becik becik putrine tinik tinik  ana sing dadi carik

{ 0 komentar... read them below or add one }

Posting Komentar