Home »Unlabelled » Panembromo Lanjutan 12 juga ? gmail ?
Panembromo Lanjutan 12 juga ? gmail ?
Diposting oleh Asri Bintoro on Sabtu, 24 Maret 2012
AGGRA INSTITUTE
TAMAN BELAJAR TENTANG PLURALISME DAN MULTIKULTURALISME
PANEMBROMO LANJUTAN 12 JUGA ? GMAIL ?
PANEMBROMO
Bawa (Dangdang gula )
Jago kluruk rame kapiyarsi
lawa kalong luru pandelikan
jrih kawanan ing semune
rembulan wis gumlewang
neng kuloning gunung
mratandani yen bangun enjing ,
ing padesan wiwit obah
lanang wadon anambut kardi
netepi kuajiban
Umpak umpak
Para kanca sami sami para wargi
tansah mundi gesang bebrayan kang adi
murih dadi jenjem lan tentreming ati
bisa sengkut nggon pada kita makarti .
Ngaturaken sugeng rawuh
Mring pra tamu kakung putri
Ingkang sampun kesdu kerso
sagung sami angrawuhi
kenduri sedekah bumi
tilaran leluhur sami
Umpak umpak
Kembang mlati , abyor sapinggiring kali
Tanpa kendat denya andum andum wangi
Najan kita jroning manca warni.
Ayem tentrem inggih gesang kang utami .
Kita dahat dipun tuntut
Margi Gesang Kang Utami
Manembah Ngarso Pangeran
Sujud sukur kalampahi
Limang wektu rinten wengi
Mugi karahayon sami
Umpak umpak
Kembang terong luwese ana ing kebon
Nambah endah ,asrining kang sarwo katon
Wis mestine kita tansah gotong royong ,
Iku wangsit saka simbah kang wus maton
Minangka tutuping atur
Sungkem sembah pangabeki
Yen wonten lepat kawula
Kadang sepuh jaler estri
Pangeran mugi ngijini
Aggempalna kita sami .
Witing trisno ,jawata ing marcapada
salugune wong wanita , dasar nyata
Kula sampun jajah projo
Surakarta, Yogyakarta
Sluku sluku batok , batoke ela elo
Rama tindak Sala
Leh olehe payung mota
Pak Jaya sing waspada
Udan barat luru obat
Lolo lolo lobah
Cina mati ora obah nek obah medeni bocah
Cing Poling .
Jarang kepang nggoling nggoling
kesurupan mangan beling
pada awas pad eling
Ja bali ana maling .
Deso Ngaglik ,
Lahane ming setitik ,
enggone ngangklik angklik ,
ning saiki
deso Ngaglik
dalane apik apik
desane katon resik
pomahane iyo resik
omahe apik apik
tandurane dilarik larik
pagere tarik tarik
uwonge apik apik
lakone becik becik
putrine tinik tinik
ana sing dadi carik
{ 0 komentar... read them below or add one }
Posting Komentar